Selasa, 06 Agustus 2013

Kulo Tiyang Jowo

Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Sugeng Enjing Sedoyo

Sameniki entri pertami ing blog pribadi pertami kulo.  Sederangipun kulo Dipun tepangaken nama kawula BAYU WIDIYANTO. Nama kawula nggadahi artos ingkang sae, inggih punika BAYU artosipun Angin (magsudipun sesuatu ingkang mbekto perubahan & kesegaran), Widi artosipun Pencipta, dalah Yanto sebutan Laki-laki ingkang sae ing masyarakat Jawi. Sahingga artosipun "Laki-laki ingkang diciptaken Allah SWT ingkang mbekto angin perubahan ingkang sae". Kawula miyos ing Tegal, 01 Juni  punika anak ragil saking Bapa TsuKino (saking Boyolali) dalah Ibu Harti (saking Sragen). Kawula sakluarga manetep wonten Desa Kudaile, Kecamatan Slawi, Kabupaten Tegal. Kagayuhan kawula puniko saget dados guru/manusia ingkang sae (professional) dalah saget berguna kagem masyarakat. Saniki kulo ngasto dasos guru ing SMKN 2 Slawi. Alasan kawula ngasto dados guru yoiku saget nerusaken profesinipun tiyang sepuh ugi kawula saget dadosaken putra – putri bangsa niki nggadahi kemampuan – kemampuan ingkang sae saking pangetahuanipun, pituturipun utawi tingkah laku nipun. Motto hidup ingkang dados semangat kawulo punika pantang menyerah dalah terus berusaha dados tiyang ingkang sae.
Wassalamu’alaikum, Wr. Wb.


2 komentar:

  1. Sampun sae mas bayu, nanging takseh wonten sekedek engkang perlu dipun leres aken.
    meniko web ingkang nerjemahaken basa jawi.
    http://kamus.ugm.ac.id/jowo.php

    BalasHapus
  2. wah wonten kamus basa jawi online gih,,
    dadi tambah bangga sbgai wong jawi
    oya tp kamuse perbendaharaan katane esih sitik

    BalasHapus